Thursday, July 27, 2006

rasane ati

Dino iki aku pengen ngeblog gawe boso jowo, lek misale ‘roaming’ dilarang protes.

Yen tak rasakke kok beban uripku cek uabot’e seh? Sakjane wayah ngene2 iki aku kudune istirahat mboh lek wayahe onok kerjoan yo sakjane iso tak sambi karo leyeh2 ben boyokku iki ra pegel rasane. Wes abot gendong si kakak kecil, ditambah lungguh terus kudu marekke kerjoan demi ‘sangune’ kanggo si kakak kecil :(

Beh, asli sakjane wes kuesel awakku. Rasane boyok kate copot kabeh, pengen leyeh2 mlumah ngeluruske boyok ranok tempat :( kate ra dimarekke piye maneh, wes tanggungane, jenenge wae kanggene si kakak kecil.

Sakjane kiy koyok’e aku dipelosoro, tapi mboh karo sopo? Opo cumin perasaanku wae?
Aku pengen iso nyuantai koyok arek liyane, tapi lek aku ra kerja keras terus piye? Tanggunganku sek uakeh, gek aku yo duduk wong sing ‘nduwe’…

Biyuh-biyuh, kok rasane aku asli, kueseeel banget. Mboh onok batur kok ra iso ngekeki solusi blas. Rasane kok pengen nangis, tapi ketokan’e banyune moto wes mulai asat, opo wes kakean mili….?

Kapan yo kabeh iki berakhir?

Ya Alloh, astagfirullah..
Mboten niat kula ngeresula, nanging kok cek abote seh Ya Alloh. Ngapunten Gusti Alloh, kula kok rasane kurang bersyukur dumateng limpahan rizky ingkang Panjenengan paringi. Duh Gusti ampuni hamba.

Kanggo calon anakku, “sabar yo Kak, insya alloh bunda kate sekuat tenaga menjemput rejeki saking Gusti Alloh, sing sabar yo, Dibetahke sek ning jero wetenge Bunda, sakjane bunda yo puengeeen buanget ketemu karo si Kakak…”

Bismillah, insya alloh eling Gusti alloh lan si kakak kecil jadi berkurang rasane kesel ning awakku iki….wes kudune semangat maneh yo…..ayo kerjo…!

oberoi 2006
~bunbun yg tak lagi cantik~

1 comment:

Unknown said...

huuu kok cedih ciih... memang 8 bulan ke atas iku abot2e, sabar ae, aku biyen hamil sakmono bendino kerjaanku ngamuki wong kantor + mas andri, hihhihihi... badai pasti berlalu buk... sabar sabarr....